Jumat, 26 November 2010

Nggegulang Putra

Kasmaran amerdi siwi,
Siwi pinangka amanah,
Amanahipun Hyang Manon,
Kang kedah den gulawenthah,
Mrih yuwana uripira,
Tansah manggiha rahayu,
Wiwit wonten guwa garba.
Den waspada sira kaki,
Lamun ana tandha-tandha,
Garwanira sajak mbobot,
Ngandheg calon putranira,
Wiwit tansah wigatekna,
Solah-bawa tindak-tanduk,
Aja nlisir paugeran.
Paugerane agami,
Uga wewarah wong tuwa,
Mrih saged rahayu kabeh,
Rahayu ing ngalam donya,
Apa dene ing akherat,
Pakartine bapa biyung,
Bisa tumus marang putra.
Samubarang kudu resik,
Resik lahir batinira,
Anyawabi mring putrane,
Kang isih aneng kandhungan,
Suwarga apa neraka,
Sadayane bisa jumbuh,
Klawan sifat ibu bapa.
Yen wus lahir jabang bayi,
Nganti yuswa limang warsa,
Turutana panjaluke,
Tansah njaluk linadenan,
Kaya patrape narendra,
Wancine kumratu-ratu,
Mula kaki kawruhana.


Lamun yuswa pitung warsi,
Yen sira nuturi putra,
Kudu ngenggoni patrape,
Lir ngandhani baturira,
Samubarang amrih prenah,
Senajan kaya pembantu,
Piguna tumrap keng putra.


Yen ngandhani ngati-ati,
Wancine nembelas warsa,
Ponang umure putrane,
Anggepen kaya mring mitra,
Dimen saged tinarbuka,
Gegebengan jroning kalbu,
Saged kawedhar sedaya.


Poma kaki kudu eling,
Bocah tan tansah den uja,
Ja nganti salah kedaden,
Kala-kala dukanana,
Amrih bocah saged pana,
Lamun tumindake luput,
Yen perlu paring ukuman.


Amrih datan den baleni,
Tumindak ingkang kesasar,
Kudu imbang tumindake,
Aja tansah dipun uja,
Disiplin dipun kulina,
Mulane aja den ugung,
Weruha ing subasita.


Yen putra wus palakrami,
Kita kudu salin slaga,
Pitutur marang putrane,
Sinamun ing samudana,
Aja nyenggol ing pangrasa,
Ben ora ana panyengguh,
Nimbrung urusane putra.
Kajaba yen disuwuni,
Bisa asung tetimbangan
Mrih prayoga sedayane,
Mula kanthi wicaksana
Paringa sagung wawasan,
Amrih legawa kang sunu,
Sadaya saged tumata.


Mangkono wewarah kaki,
Nurut kitab-kitab kuna,
Kagem putra wayah kabeh,
Sung wewarah kulawarga,
Isine bab tatakrama,
Iku pusaka leluhur,
Kang piguna ing bebrayan.


Pangripta nyuwun aksami,
Yen wonten sisip sanyata,
Upama pangerten geseh,
Iku datan kasengaja,
Mula aja salah tampa,
Awit saking cubluk,
Tuna ing pamengkunira.


Ature: Ki Surantani – Jayabaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar